A. DASANAMA
Dasanama yaiku tembung pirang-pirang kang duwe teges siji utawa padha.
- Tuladha
anak | : | atmaja, putra, siwi, sunu, suta, yoga |
angin | : | bajra, bayu, maruta, pawana, samirana, sindung riwut. |
ati | : | driya, galih, manah, nala, kalbu, prana, tyas, wardaya. |
awak | : | angga, badan, salira, sarira, raga. |
bapak | : | bapa, sudarma, sudarmi, rama, yayah |
banyu | : | her, warih, ranu, sindu, tirta, we, jala |
bodho | : | blilu, dama, mudha, kumprung, koplo, jugul, pengung, punggung |
bumi | : | bantala, bawana, buwana, basundara, jagad, mandhala, pratala, paratiwi, siti, kisma |
buta | : | asura, danuja, denawa, ditya, diyu, raseksa, yaksa, wil |
dalan | : | delanggung, enu, gili, lurung, marga, margana, sopana |
dewa | : | apsara, apsari, bathara, dewata, sura, hyang, jawata, widadara |
gajah | : | asti, dipa, dwipangga, dirada, esthi, liman |
gawe | : | kardi, karya, karti, yasa |
geni | : | agni, api, apyu, brama, dahana, pawaka |
getih | : | ludira, marus, rah, rudira |
gunung | : | aldaka, ancala, arga, ardi, giri, himawan, meru, parwata, prabata, wukir |
ibu | : | biyang, biyung, indhung, puyengan, rena, umi, wibi |
ireng | : | cemani, cemeng, jlitheng, kresna, langking |
iwak | : | matsura, mina, ulam |
jaran | : | aswa, kapal, kuda, turangga, undhakan, wajik |
jeneng | : | asma, aran, jejuluk, rum-rum, wewangi, tetenger |
kali | : | lepen, narmada |
kaya | : | kadi, kadya, lir, mimba, pendah, pindha |
keris | : | curiga, cudrik, katga, patrem |
kethek | : | juris, kapi, palwaga, rewanda, wanara, wre |
kreta | : | rata, ratangga, pedhati, wirnana, yana |
kraton | : | dhatulaya, kedhaton, pura, puri |
kuning | : | jenar, kapuranta, pita |
lanang | : | jaler, jalu, kakung, priya |
langit | : | akasa, antariksa, awang-awang, bomantara, dirgantara, gegana, jumantara, tawang, widik-widik, wiyati, wyat |
lara | : | gerah, gering, roga, sakit |
lintang | : | kartika, sasa, sasadara, sudama, taranggana, wintang |
macan | : | sardula, sirna |
manuk | : | kaga, kukila, paksi, peksi |
mata | : | eksi, mripat, netra, paningal, soca |
mati | : | antaka, ngemasi, lalis, lampus, layon, lena, murud, palastra, seda |
mayit | : | bangke, jisim, kunarpa, kuwandha, sawa, wangke |
misuwur | : | kajuwara, kaloka, kalok, kawardi, kawentar, kaonang-onang, kombul, kondhang, kongas, kontap |
omah | : | graha, panti, wisma, yasa |
padu | : | crah, congkrah, kerengan, padudon, sulaya |
panah | : | astra, bana, jeparing, naraca, sara, warastra |
pandita | : | ajar, dwija, dwijara, maharsi, resi, wiku, wipra, yogiswara |
peni | : | apik, becik, edi, endah |
perang | : | yuda, jurit, laga, pupuh, rana, branta yuda |
pinter | : | guna, lebda, limpat, wasis, widagda, widura, wignya |
ratu | : | aji, buminta, bumipala, dhatu, katong, naradipa, narpati, narendra, nareswara, nata, raja, sri, sribupati |
rembulan | : | badra, candra, sasadara, sasangka, sasi, sitaresmi, sitengsu, wulan |
sedih | : | dhuhkita, kingkin, rudhatin, rudhita, sungkawa, susah, tikbra, turidha, wigena |
segara | : | ernawa, jalanidhi, jaladri, samudra, tasik |
slamet | : | basuki, raharja, rahayu, swasta, yuwana, widada |
srengenge | : | arka, aruna, bagaskara, bagaspati, baskara, diwangkara, pratangga, pratanggapati, pratanggakara, radhite, raditya, rawi, surya |
ula | : | sarpa, sawer, naga, taksaka |
wadon | : | dayinta, dyah, estri, juwita, kusuma, retna, rini, wanita, wanodya, gini, putri |
weruh | : | anon, priksa, udani, upiksa, uninga, wikan, wrih |
wicara | : | catur, gunem, ucap, uni |
wong | : | jalma, jana, janma, manungsa, manus, nara |
- Lembar Kerja Siswa
Tembung-tembung neng ngisor iki golekana dasanamane!
- anak :…………………………………………………………………………
- angin :…………………………………………………………………………
- bumi :…………………………………………………………………………
- gunung :………………………………………………………………………..
- ibu :………………………………………………………………………….
- segara :…………………………………………………………………………
- srengenge :………………………………………………………………………..
- rembulang :…………………………………………………………………………
- lintang :……………………………………………………………………………………………..
- pandhita :…………………………………………………………………………………………….
B. KERETA BASA
Kereta basa utawa jarwa dhosok yaiku negesi tembung kapirid saka wancahan wandane, utawa nguthak-athik tembunge supaya mathuk.
- Tuladha
anak | : | kabeh kekarepane kudu ana lan sarwa kepenak |
bapak | : | bab apa-apa sarwa pepak (ngelmune lan pengalamane) |
batur | : | ngembati (nindakake) pitutur |
bocah | : | mangane kaya kebo, pegaweane ora kena dicacah |
brekat | : | apa-apa brak-brek banjur diangkat |
cangkir | : | nyancang pikir |
cengkir | : | kencenging pikir |
Desember | : | gedhe-gedhene sumber |
dongeng | : | dipaido ya keneng (kenging) |
garwa | : | sigarane nyawa |
gedhang | : | digedeng yen bar madhang |
gelas | : | yen tugel ora kena dilas |
gerang | : | segere wis arang-arang |
guru | : | digugu lan ditiru |
Januari | : | hujan sehari-hari |
jaka | : | apa sing dikarepake kepengin enggal tumeka |
kaji | : | tekade mung siji |
kathok | : | diangkat mbaka sitok |
kodhok | : | teka-teka ndhodhok |
kutang | : | sikute diutang |
krikil | : | keri ing sikil |
kuping | : | kaku tur njepiping |
kupluk | : | kaku tur nyempluk |
kursi | : | mungkur anggone ngisi |
mantu | : | dieman-eman meksa metu |
maratuwa | : | mara-mara bereng wis tuwa |
piring | : | sepi yen miring |
prawan | : | yen pepara(lunga) ing wayah awan |
sepuh | : | sebdane ampuh |
semah | : | isen-isenne umah |
sirah | : | isine rah (getih) |
siti | : | isi bulu bekti |
sopir | : | yen ngaso padha mampir |
sruwal | : | saru yen nganti uwal ( ucul) |
tandur | : | olehe nata karo mundur |
tapa | : | tatane kaya wong papa (ora duwe apa-apa) |
tarub | : | ditata supaya katon murub |
tebu | : | anteping kalbu |
tuwa | : | ngenteni metune nyawa |
wanita | : | wani ditata |
wedang | : | ngawe-awe kadang |
weteng | : | ruwet tur peteng |
- Lembar Kerja Siswa
Tembung-tembung ngisor iki golekana kereta basane!
- anak : ………………………………………………………………………
- bapak :……………………………………………………………………….
- garwa :……………………………………………………………………….
- guru : ………………………………………………………………………
- sepuh :……………………………………………………………………….
- wanita : ……………………………………………………………………..
- wedang : ……………………………………………………………………..
- sirah : ……………………………………………………………………..
- kuping :………………………………………………………………………
- kodhok : …………………………………………………………………….
C. RURA BASA
Rura basa yaiku basa sing luput ananging dianggep lumrah ana ing basa padinan.
- Tuladha
adang sega | sing bener | adang beras supaya dadi sega |
mangan awan | sing bener | mangan sega ing wayah awan |
mbunteli tempe | sing bener | mbunteli dhele godhog kang wis dirageni |
menek klapa | sing bener | menek wit klapa |
mikul dhawet | sing bener | mikul angkring isi wadhah dhawet |
ndheplok gethuk | sing bener | ndheplok tela supaya dadi gethuk |
ndhudhuk sumur | sing bener | ndhudhuk lemah kanggo gawe sumur |
ndondomi klambi | sing bener | ndondomi bakal digawe klambi |
nganam klasa | sing bener | nganam pandhan/mendhong digawe klasa |
ngethok gedhang | sing bener | ngethok wit gendhang |
nguleng sambel | sing bener | nguleg lombok sakbumbune digawe sambel |
nunggu manuk | sing bener | nunggu pari supaya ora dipangan manuk |
nyangking banyu | sing bener | nyangking ember isi banyu |
- Lembar Kerja Siswa
Tembung-tembung ngisor iki golekana rura basane!
- adhang sega : ………………………………………………………………..
- mangan awan : ……………………………………………………………….
- mbunteli tempe : ………………………………………………………………..
- menek klapa : ………………………………………………………………..
- mikul dhawet : ………………………………………………………………..
- ndeplok gethuk : ………………………………………………………………..
- ndhudhuk sumur : …………………………………………………………………
- ndondomi klambi : ………………………………………………………………..
- nganam klasa : …………………………………………………………………
- gethok gedhang : …………………………………………………………………
D. HOMONIM LAN HOMOGRAF
Homonim yaiku tembung kang padha penulisane, padha pocapane nanging beda tegese.
- Tuladha
asma | tegese | a. jeneng, nama
b. lara napas/mengi |
beton | tegese | a. isi nangka
b. cor-coran semen, watu, krikil lan gesik |
bledug | tegese | a. anak gajah
b. lebu sing katut angin |
catur | tegese | a. papat
b. gunem, omong |
enggal | tegese | a. cepet, gelis age-age, ndhang
b. anyar |
golek | tegese | a. araning wayang kayu/ boneka saka kayu
b. ngupadi, ngupaya |
jumeneng | tegese | a. ngadeg
b. dadi, madeg |
kala | tegese | a. jaring
b. nalika, ndhek, wektu, wayah |
kalong | tegese | a. suda
b. araning kewan kang saba bengi bangsane lawa |
kedalon | tegese | a. kewengen
b. kematengen tumprp woh-wohan |
krama | tegese | a. rabi, omah-omah
b. aturan |
labuh | tegese | a. araning mangsa sawise ketiga dadi rendheng
b. minggir/mandheg tumpraping prahu |
mundhut | tegese | a. tuku
b. njupuk |
ngasta | tegese | a. mulang
b. nggawa |
ngelih | tegese | a. luwe, weteng kosong
b. mindhah |
ngukur | tegese | a. ngilangi rasa gatel nganggo kuku
b. arep ngerti dawane utawa ambane |
sepet | tegese | a. arane rasa
b. kulit klapa |
sekar | tegese | a. tembang
b. kembang |
serat | tegese | a. layang
b. garis/ototing kayu |
sura | tegese | a. araning sasi jawa
b. wani kendel |
timur | tegese | a. enom, muda
b. wetan |
wani | tegese | a. ora wedi, gelem
b. nantang |
waja | tegese | a. untu
b. araning wesi |
wayah | tegese | a. putu
b. wektu, mangsa |
weling | tegese | a. araning ula
b. wekas |
Homograf yaiku tembung padha penulisane, beda pacopane, beda tegese.
meri | tegese | a. anak bebek
b. iri |
geger | tegese | a. awak sisih mburi
b. pereng |
apel | tegese | a. buah
b. dolang neng kanca wadon |
- Lembar Kerja Siswa
Tembung-tembung nang ngisor ini golek tegese homonim lan homografe banjur gawenen ukara!
- bledug : ……………………………………………………………………….
- catur : ……………………………………………………………………….
- golek : ………………………………………………………………………..
- kromo : ………………………………………………………………………..
- mundhut : ……………………………………………………………………….
- sepet : ……………………………………………………………………….
- serat : ………………………………………………………………………
- meri : ……………………………………………………………………….
- apel : ………………………………………………………………………..
- geger : ………………………………………………………………………..
E. PARIBASAN
Paribasan yaiku unen-unen ajeg panganggone tegese wantah ora ngemu surasa pepindhane.
- Tuladha
Adigang, adigung, adiguna | : | Ngendelekake kekuatan, keluhuran lan kepinteran. |
Ana catur mungkur | : | Ora ngrungokake omongan, guneman sing ala. |
Angon mangsa | : | Golek wektu kang becik/ prayoga. |
Anak polah bapa kepradhah | : | Wong tuwa bakal ngrasakake tumindhake anak. |
Becik ketitik ala ketara | : | Tumindak ala lan becik iku bakal ketara/dingerteni tembe mburine. |
Busuk ketekuk pinter keblinger | : | Sing bodho lan sing pinter padha dene nemu cilaka. |
Ciri wanci lelai ginawa mati | : | Pakulinan ala ora bisa ilang yen durung mati. |
Cincing-cincing maksa klebus | : | Karepe arep ngirit ananging jebul entek akeh. |
Criwis cawis | : | Nyacad, akeh omonge ananging uga mrantasi ing gawe. |
Dahwen ati open | : | Nyacad nanging duwe pamrih. |
Desa mawa cara, negara mawa tata | : | Saben panggonan duwe cara dewe. |
Dudu sanak dudu kadang yen mati melu kelangan | : | Sanjan wong liya yen nandhang rekasa bakal dibelani. |
Durung pecus keselak besus | : | Durung nyambut gawe nanging duwe pepenginan warna-warna. |
Entek amek kurang golek | : | Ngunek-unekake wong sakatoge. |
Garang-garing | : | Katone sugih nanging sejatine kacingkrangan/kekurangan |
Njajah desa milang kori | : | Lelungan tekan ngendi-ngendi |
Jalukan ora wewehan | : | Seneng njaluk ora gelem menehi |
Jer basuki mawa beya | : | Gegayuhan kudu nganggo ragad. |
Njunjung ngentebake | : | Ngalembana ananging niyate ngasorake. |
Kalah cacak menang cacak | : | Kabeh pegawean kudu dicoba dhisik bisa lan orane. |
Kebat kliwat gancang pincang | : | Tumindak kesusu/grusa-grusu bakal ora kebeneran/gawe rugi. |
Keplok ora tembok | : | Melu seneng-seneng nanging ora melu ngetokake ragad. |
Ketula-tula ketali | : | Uripe ngrekasa banget. |
Kumenthus ora pecus | : | Umuk ananging ora sembada. |
Maju tatu mundur ajur | : | Prakara kang sarwa gawe ewuh. |
Mbuwang tilas | : | Ethok-ethok ora ngerti tumindak ala sing dilakoni. |
Mikul dhuwur mendhem jero | : | Anak kang bisa njunjung drajate wong tuwa. |
Nabok nyilih tangan | : | Tumindhak ala sarana kongkonan. |
Nyolong pethek | : | Mleset saka pambatange. |
Pupur sadurunge benjut | : | Ngati-ati sadurunge nemu cilaka. |
Rawe-rawe rantas | : | Sing sapa ngalang-alangi malang-malang putung kekarepane bakal disingkirake. |
Rukun agawe sentosa | : | Rukun bisa dadi kuwat lan yen crah agawe bubrah cecongkrahan njalari ringkih. |
Sabaya mukti sabaya mati | : | Rukun nganti tumekaning pati. |
Sepi ing pamrih rame ing gawe | : | Nyambut gawe kanthi mempeng tanpa duwe pamrih. |
Sing sapa salah seleh | : | Sapa sing salah bakal konangan. |
Sura dira jayaningrat lebur | : | Kekuatan sing gedhe bakal pangastuti sirna dening tumindak becik. |
Tega larane ora tega patine | : | Tega rekasane nanging isih menehi pitulungan. |
Tinggal glanggang colong playu | : | Ninggalake papan pasulayan, peperangan. |
Tulung menthung | : | Katone mitulungi nanging malah gawe rekasa sing ditulungi. |
Tuna sathak bathi sanak | : | Rugi bandha nanging bathi pasuduluran. |
Ulat madhep ati karep | : | Wis mantep banget kekarepane. |
Undhaking pawarta sudane kiriman | : | Kabar iku beda karo nyatane. |
Welas tanpa alis | : | Karepe ngeman nanging malah gawe kapitunan. |
Yitna yuwana lena kena | : | Sing ngati-ati bakal slamet dene sing sembrana bakal nemu cilaka. |
- Lembar Kerja Siswa
Unen-unen ngisor iki golekana tegese!
- Adigang, adigung, adiguna : …………………………………………………………………….
- Becik ketitik ala ketara : …………………………………………………………………….
- Criwis cawis : …………………………………………………………………….
- Entek amek kurang golek : …………………………………………………………………….
- Jer basuki mawa beya : …………………………………………………………………….
- Kalah cacak menang cacak : …………………………………………………………………….
- Keplok ora tombok : …………………………………………………………………….
- Ketula-tula ketali : …………………………………………………………………….
- Rukun agawe sentosa : …………………………………………………………………….
- Yitna yuwana lena kena : …………………………………………………………………….
- F. BEBASAN
Bebasan yaiku unen-unen ajeg panggone ngemu surasa pepindan kang dipindahake sifate utawa kahanane wong.
- Tuladha
Adol lenga kari busik | : | Andum barang marang wong liya nanging awake dhewe malah ora keduman. |
Aji godhong jati aking (garing). | : | Asor banget, ora ana ajine. |
Ancik-ancik pucuking eri | : | Uripe tansah kuwatir. |
Anggenthong umos | : | Ora bisa nyimpen wadi. |
Angon ulat ngumbar tangan | : | Ngulatake kahanan jalaran arep gelem rekasane. |
Arep jamuare emoh watange | : | Gelem kepenake nanging ora gelem rekasane. |
Diwenehi ati ngrogoh rempela | : | Diwenehi ananging isih kurang trima, njaluk maneh. |
Dikena iwake aja nganti bitheg banyune | : | Kaleksanan panjangkane nanging ora gawe kapitunan. |
Emban cindhe emban siladan | : | Ora adil (pilih kasih). |
Esuk dhele sore tempe | : | Ora teteg atine, gampang molah malih. |
Gawe luwangan ngurugi luwangan | : | Golek utangan kanggo nyaur utang. |
Golek-golek ketanggor wong luru-luru | : | Golek utangan malah diutangi. |
Gupak pulud ora mangan nangkane | : | Melu rekasa ora ngrasakake kepenake. |
Njagakake endhoge si blorok | : | Njagakake barang kang durug mesthi ana. |
Kadang konang | : | Sing diaku sedulur mung sing sugih. |
Ketepang ngrangsang gunung | : | Gegayuhan sing mokal bisane kelakon jalaran kegedhen pejangka/kekarepan. |
Kaya banyu karo lenga | : | Paseduluran sing ora bisa rukun. |
Kakehan gludhug kurang udan | : | Kakehan omong nanging ora ana nyatane. |
Kebanjiran segara madu | : | Oleh kabegjan kang gedhe. |
Kegedhen empyak kurang cagak | : | Kegedhen panjangka kurang srana. |
Kajugrugan gunung menyan | : | Oleh kabegjan kang gedhe. |
Kekudhung walulang macan | : | Tumindak kanthi aling aling wong duwe panguwasa. |
Kerot tanpa untu | : | Duwe kakarepan ora duwe sarana. |
Kerubuhan gunung | : | Nemu kesusahan. |
Kongsi jambul wanen | : | Nganti tuwa banget. |
Madu bolu tanpa isi | : | Rebutan barang sepele. |
Mrojol selaning garu | : | Wong kang luput saka bebaya. |
Nglungguhi klasa gumelar | : | Mung kari nemu kepenake. |
Ngubak-ubak banyu bening | : | Gawe rusuh ana ing papan kang wis tentrem. |
Nguthik-uthik macan dhedhe | : | Gawe nesu wong kang wis lilih atine. |
Nguyahi segara | : | Weweh marang wong sugih, saengga tanpa guna. |
Nututi layangan pedhot | : | Nggoleki barang sepele, yen ketemu ora sumbut karo rekasane. |
Nyugokake bugel kayu sempu | : | Njagokake wong kang ora pinter, jalaran isih sedulur. |
Othak athik didudut tugel | : | Omongane sajak kepenak jebul angel ladenane. |
Ora uwur ora sembur | : | Ora gelem cawe-cawe menehi pawitan apa-apa. |
Pandengan karo srengenge | : | Mungsuhan karo wong sing duwe panguwasa. |
Rebut balung tanpa isi | : | Padudon jalaran barang sepele. |
Rindhik asu digitik | : | Nindakake pegawean kang cocog karo karepe. |
Sandhing kebo gupak | : | Cedhak karo wong ala, nanging ing batin isih kepengin nglakoni. |
Sedhakep angawe-awe | : | Ninggalake tumindak ala, nanging ing batin isih kepengin nglakoni. |
Suduk gunting tatu loro | : | Nindakake pegawean sawarna, ananging asile luwih saka siji. |
Wis kebak sundukane | : | Wis akeh banget dosa kaluputane. |
Yiyidan mungging rampadan | : | Biyene wong durjana/culika, saiki dadi wong sing alim. |
- Lembar Kerja Siswa
Unen-unen ngisor iki golekana tegese!
- Adol lenga kari busik : ……………………………………………………
- Diwenehi ati ngrogoh rempela : ……………………………………………………
- Dikena iwake aja nganti buthek banyune : …………………………………………………..
- Isuk dele sore tempe : …………………………………………………..
- Gupak pulut ora mangan nangkane : …………………………………………………..
- Kadang konang : …………………………………………………..
- Ngubak-ubak banyu bening : …………………………………………………..
- Nguyahi segara : …………………………………………………..
- Nututi layangan pedot : …………………………………………………..
- Rebut balung tanpa isi : …………………………………………………..
G. SALOKA
Saloka yaiku unen-unen ajeg panganggone ngemu surasa pepindhan kang dipindahake wonge.
- Tuladha
Asu belang kalung wang | : | Wong ala (asor) ananging sugih bandha. |
Asu gedhe menang kerahe | : | Luwih dhuwur pangkate, luwih gedhe panguwasane. |
Ati bengkong oleh oncong | : | Wong duwe niat ala, ana sing nyarujuki, oleh dalan. |
Baladewa ilang gapite | : | Ilang kekuatane. |
Bathok bolu isi madu | : | Wong asor nanging sugih kepinteran. |
Bebek mungsuh mliwis | : | Wong pinter mungsuh pinter, sijine kalah ubed utawa kalah trampil. |
Belo melu seton | : | Melu anut grubyug nanging ora ngreti karepe. |
Cebol nggayuh lintang | : | Gegayuhan kang mokal bisane kelakon. |
Cecak nguntal empyak/cagak | : | Gegayuhan kang ora timbang karo kekuwatane. |
Dhandhang diunekake kuntul, kuntul diunekake dhandhang | : | Ala diunekake becik, becik diunek-ake ala. |
Dhemit ora ndulit, setan ora doyan | : | Tansah diparingi slamet. |
Dom sumuruping banyu | : | Laku sesidheman kanggo nyumurupi wewadi. |
Emprit abuntut bedhug | : | Prekara sepele dadi gedhe. |
Endhas gundhul dikepeti | : | Wis kepenak isi dienak-enakake. |
Gagak nganggo elaring merak | : | Wong asor (cilik) tumindak kaya wong luhur. |
Gajah alingan suket teki | : | Lair lan batine ora padha bakal ketara. |
Gajah ngidak rapah | : | Nerjang wewalere/janjine dhewe. |
Gajah perang karo gajah kancil mati ing tengah | : | Wong gedhe pasulayan, wong cilik dadi kurban. |
Gong lumaku tinabuh | : | Wong sing kumudu-kudu ditakoni, dijaluki piwulang. |
Idu didilat maneh | : | Menehi dijaluk bali (murungake janji kang wis diucapake). |
Iwak klebu ing wuwu | : | Wong sing kena apus kanthi gampang. |
Jati ketlusuban ruyung | : | Kumpulane wong becik kelebon wong ala tumindake. |
Jaran kerubuhan empyak | : | Wis kapok banget. |
Kacang ora ninggal lanjaran | : | Pakulinane anak lumrahe niru wong tuwa. |
Kebo bule mati setra | : | Wong pinter nanging ora ana kang merlokake. |
Kebo ilang tombok kandhang | : | Wis kelangan, isih ngetokake wragat kanggo nggoleki. |
Kebo kabotan sungu | : | Rekasa jalaran kakehan anak. |
Kebo mulih ing kandhange | : | Wong lunga wis suwe, bali ing omahe maneh. |
Kebo nusu gudel | : | Wong tuwa njaluk warah marang wong enom. |
Kere munggah bale | : | Wong didadekake wong luhur. |
Kethek saranggon | : | Sagrombolan wong tumindak ala. |
Klenthing wadhah masin | : | Angel ninggalake pakulinan ala. |
Kriwikan dadi grojogan | : | Prekara cilik dadi ngambra-ambra(gedhe). |
Kutuk marani sunduk | : | Njarag marani bebaya. |
Lahang karoban manis | : | Rupane ayu/bagus tur ya apik bebudene. |
Lambe satumang kari samerang | : | Dituturi bola-bali tetep ora nggugu. |
Legan golek momongan | : | Kepenak malah golek rekasa. |
Opor bebek mentas awake dhewek | : | Rampung saka dayane dhewe. |
Palang mangan tandur | : | Dipercaya malah gawe rusak |
Pecruk tunggu bara | : | Dipasrahi tunggu sing dadi kesenengane. |
Pitik trondhol diumbar ing pedaringan | : | Wong ala dipasrahi nunggu barang pengaji, wekasan malah ngentek-enteki. |
Satru munggwing cangklakan | : | Mungsuh wong sih isih sanak sedulur. |
Sumur lumaku tinimba | : | Wong sing kumudu-kudu ditakoni. |
Tekek mati ulone | : | Nemu cilaka jalaran saka guneme dhewe. |
Tumbu oleh tutup | : | Wis cocog banget. |
Timun mungsuh duren | : | Wong cilik mungsuh wong kang duwe panguwasa. |
Timun wungkuk jaga imbuh | : | Wong bodho kanggone mung yen kekurangan wae. |
Tunggak jarak mrajak, tunggak jati mati | : | Prakara ala ngabra-ambra, prekara becik mung kari sethithik. |
Yuyu rumpung mbarong ronge | : | Omahe magrong-magrong, sejatine kekurangan. |
- Lembar Kerja Siswa
Unen-unen ngisor iki golekana tegese!
- Asu gedhe menang kerahe : ………………………………………………..
- Bathok bolu isi madu : ………………………………………………..
- Kebo nusu gudhel : ………………………………………………..
- Gong lumaku tinabuh : ………………………………………………..
- Idu didilat maneh : ………………………………………………..
- Cebol ngayuh lintang : ………………………………………………..
- Tumbu oleh tutup : ………………………………………………..
- Tunggak jarak mrajak, tunggak jati mati : ………………………………………………..
- Yuyu rumpung mbarong ronge : ………………………………………………..
- Timun mungsuh duren : ………………………………………………..
H. BASA KAWI
- Arane Dina
Ahad/Ngaat/Minggu | : | Radite/dhite |
Senin | : | Soma |
Selasa | : | Anggara |
Rebo | : | Budha |
Kemis | : | Respati |
Jumuah | : | Sukra |
Setu | : | Tumpak |
- Arane Pasaran
Pon | : | Palguna |
Wage | : | Cemengan |
Kliwon | : | Kasih |
Legi | : | Manis |
Paing | : | Jenar |
- Arane Sasi Jawa lan Sasi Arab
Sura | : | Muharam |
Sapar | : | Syafar |
Mulud | : | Rabiul awal |
Bakdamulud | : | Rabiul akhir |
Jumadilawal | : | Jumadil ula |
Jumadilakhir | : | Jumadiltsani |
Rejeb | : | Rajab |
Ruwah | : | Sya’ban |
Pasa | : | Ramadhan |
Sawal | : | Syawal |
Dulkaidah/sela/apit | : | Zulkaidah |
Besar | : | Zulhijah |
- Arane Taun
- Alip
- Ehe
- Jimawal
- Je
- Dal
- Be
- Wawu
- jumakir
- Arane Windu
Adi | : | Linuwih |
Kunthara | : | Ulah |
Sangara | : | Banjir |
Sancaya | : | Srawung |
- Arane Wilangan
1 | : | eka |
2 | : | dwi |
3 | : | tri |
4 | : | catur |
5 | : | panca |
6 | : | sad |
7 | : | sapta |
8 | : | hastha |
9 | : | nawa |
10 | : | dasa |
100 | : | satus |
1.000 | : | sastra |
10.000 | : | saleksa |
100.000 | : | sakethi |
1.000.000 | : | sayuta |
- Araning Warna
abang | : | rekta |
putih | : | seta/pinggul |
kuning | : | pita/jenar |
ijo | : | wilis |
ireng | : | langking/kresna |
biru | : | maya/nila |
- Tegese Tembung Kawi
A | ||
agni | : | geni |
aji | : | ratu |
akasa | : | langit |
amba | : | aku |
andaka | : | bantheng |
angga | : | awak |
angkara | : | srakah |
ardi | : | gunung |
aris | : | alon |
arsa | : | arep |
astha | : | wolu |
atmaja | : | anak |
aywa | : | aja |
B | ||
bantala | : | lemah |
baskara | : | srengenge |
basuki | : | slamet |
brama | : | geni |
bramantya | : | nesu |
brastha | : | rusak |
C | ||
cakara | : | rodha |
candra | : | rembulan |
caraka | : | utusan |
catur | : | papat |
cipta | : | pikir |
citra | : | rupa/gambar |
D | ||
dahana | : | geni |
danawa | : | buta |
dasa | : | sepuluh |
datan | : | ora |
dirgantara | : | langit |
ditya/diyu | : | buta |
driya | : | ati |
duk | : | nalika |
duksina | : | kidul |
dulu | : | deleng |
duta | : | utusan |
duhkita | : | susah |
dwi | : | loro |
dwi pangga | : | gajah |
dwija | : | guru |
E | ||
eka | : | siji |
enu | : | dalan |
erawati | : | bledheg |
emawa | : | segara |
esa | : | siji |
esthi | : | karep |
G | ||
gahana | : | jurang |
garba | : | weteng |
gapura | : | lawang |
gagana | : | langit |
giri | : | gunung |
gita | : | cepet/age |
gung | : | gedhe |
guntur | : | gludug |
guruh | : | bledheg |
gya | : | enggal |
gahana | : | jurang |
garba | : | weteng |
gapura | : | lawang |
gagana | : | langit |
giri | : | gunung |
gita | : | cepet/age |
gung | : | gedhe |
guntur | : | gludug |
guruh | : | bledheg |
gya | : | enggal |
J | ||
jala | : | banyu |
jaladara | : | mendhung |
jaladri | : | segara |
janma | : | manungsa |
jaya | : | menang |
jenar | : | kuning |
K | : | |
kaga | : | manu |
kadya | : | kaya |
kalbu | : | ati |
kalpika | : | ali-ali |
kapti | : | karep |
kapiyarsa | : | keprungu |
kardi/karya | : | gawe |
karta | : | aman |
kartika | : | lintang |
kayun | : | karep |
kencana | : | emas |
kintaka | : | layang |
kisma | : | lemah |
kresna | : | ireng |
kukila | : | manuk |
kuncara | : | misuwur |
kusuma | : | kembang |
kuwawa | : | kuwat |
L | ||
lampus | : | mati |
langking | : | ireng |
lastri | : | bengi |
laya | : | panggon |
lebda | : | pinter |
lena | : | mati |
lir | : | kaya |
loh jinawi | : | subur banget |
ludira | : | getih papan |
lumaksana | : | mlaku |
M | ||
madya | : | tengah |
makarya | : | nyambut gawe |
manggala | : | panggede |
manjing | : | mlebu |
marga | : | dalan |
marta | : | sabar |
maruta | : | angin |
mijil | : | metu |
mina | : | iwak |
mitra | : | kanca |
miyarsa | : | krungu |
mudha | : | enom |
mulat | : | weruh |
murwani | : | miwiti |
murda | : | sirah |
muksa | : | ilang |
mustaka | : | sirah |
N | ||
nala | : | ati |
narendra | : | ratu |
narmada | : | kali |
nata | : | ratu |
nawala | : | layang |
nendra | : | turu |
netra | : | mripat |
nuladha | : | niru/nyonto |
nuswa | : | pulo |
P | ||
pabaratan | : | peperangan |
pada | : | sikil |
palagan | : | peperangan |
palastra | : | mati |
pambayun | : | pembarep |
panca | : | lima |
pancakara | : | padu/perang |
panti | : | omah |
pangaksama | : | pangapura |
pangastuti | : | sembah |
pangupajiwa | : | panguripan |
paramarta | : | luhur |
pawiyatan | : | sekolah |
pindha | : | kaya |
pita | : | kuning |
padangga | : | gamelan |
praja | : | negara |
pralaya | : | mati |
prapta | : | teka |
pratiwi | : | lemah |
prawira | : | kendel |
priya | : | lanang |
priyangga | : | dhewe |
puma | : | rampung |
puspita | : | kembang |
R | ||
rahayu | : | slamet |
raga | : | awak |
ratri | : | bengi |
rawi | : | srengenge |
rekta | : | abang |
rena | : | ibu |
roga | : | lara |
rukmi | : | emas |
S | ||
samirana | : | angin |
samodra | : | segara |
sasana | : | papan/panggonan |
sanggraha | : | cawisan |
sardula | : | macan |
sarira | : | badan |
sarpa | : | ula |
sasangka | : | rembulan |
sasmita | : | tandha |
siswa | : | murid |
sitaresmi | : | rembulan |
siwi | : | anak |
soca | : | mripat |
sona | : | asu |
songsong | : | payung |
sotya | : | inten |
sudarma | : | bapak |
sudarsana | : | contoh |
sato | : | kewan |
seta | : | putih |
segra | : | gelis/cepet |
sila | : | patrap |
sira | : | kowe |
sirna | : | ilang |
sudira | : | digdaya |
sungkawa | : | susah |
sunu, suta | : | anak |
sura | : | wani |
sweda | : | kringet |
T | ||
tan | : | ora |
tanaya | : | anak |
taru | : | wit |
taruna | : | enom |
tinon | : | katon |
tirta | : | banyu |
trusta | : | seneng |
turangga | : | jaran |
tyas | : | ati |
U | ||
upaya | : | golek |
upiksa | : | weruh |
usada | : | tamba |
utama | : | becik |
W | ||
waluya | : | waras |
wana | : | alas |
wanara | : | kethek |
wardaya | : | ati |
warih/we | : | banyu |
warsa | : | taun |
wasana | : | pungkasan |
waspa | : | luh |
wastra | : | sandangan |
wibi | : | ibu |
wicara | : | gunem |
widya | : | pinter |
wil | : | buta |
wilis | : | ijo |
wira | : | prajurit |
wisma | : | omah |
wisuda | : | angkat |
wiyati | : | langit |
wredha | : | tuwa |
wukir | : | gunung |
wuyung | : | kasmaran |
Y | ||
yasa | : | gawe |
yayah | : | bapak |
yitna | : | ngati-ati |
yoga | : | anak |
yogya | : | becik |
yuda | : | perang |
yuwana | : | slamet |
ywa | : | aja |
- Lembar Kerja Siswa
- Sebutke arane dina!
- Sebutke arane pasaran!
- Sebutke araning sasi Jawa lan sasi Arab!
- Sebutke araning taun!
- Sebutke araning windu!
- Sebutke araning wilangan!
- Sebutke araning warna!
- Tegesana tembung kawi ing ngisor iki:
- agni : …………………………………………………………………………………………..
- angkara : …………………………………………………………………………………………..
- bantala : …………………………………………………………………………………………..
- baskara : …………………………………………………………………………………………..
- cakara : …………………………………………………………………………………………..
- dahana : …………………………………………………………………………………………..
- esa : …………………………………………………………………………………………..
- gahana : …………………………………………………………………………………………..
- guntur : …………………………………………………………………………………………..
- hamba : …………………………………………………………………………………………..
- jaladara : …………………………………………………………………………………………..
- kartika : …………………………………………………………………………………………..
- loh jinawi : …………………………………………………………………………………………..
- manggala : …………………………………………………………………………………………..
- mustaka : …………………………………………………………………………………………..
- narmada : …………………………………………………………………………………………..
- nendra : …………………………………………………………………………………………..
- palagan : …………………………………………………………………………………………..
- palastra : …………………………………………………………………………………………..
- rahayu : …………………………………………………………………………………………..
- rekta : …………………………………………………………………………………………..
- samirana : …………………………………………………………………………………………..
- sasmita : …………………………………………………………………………………………..
- seta : …………………………………………………………………………………………..
- sura : …………………………………………………………………………………………..
- taruna : …………………………………………………………………………………………..
- turangga : …………………………………………………………………………………………..
- wardaya : …………………………………………………………………………………………..
- wredha : …………………………………………………………………………………………..
- I. TEMBUNG ENTAR
Tembung entar yaiku tembung-tembung sing duwe teges ora sakbenere.
- Tuladha
abang-abang lambe | : | ora temenan utawa mung lelamisan. |
abang raine | : | wirang, isin. |
adol bagus, adol ayu | : | mamerake baguse, mamerake ayune. |
adus kringet | : | nyambut gawe abot, mempeng |
ala jenenge | : | ora dipercaya awong liya |
alus tembunge | : | omongane kepenak dirungokake |
atine ana wulune | : | duwe kekarepan ala, drengki srei |
bau suku | : | tenaga, abdi |
mbukak wadi | : | ngandhakake wewadine/rahasiane |
mbuwang tilas | : | nutupi tumindake sing ala |
cagak elek | : | srana supaya betah melek |
cagak urip | : | srana kanggo nyukupi kebutuhane urip |
cepak rejekine | : | gampang golek rejeki |
cilik atine | : | sumelang, kuwatir |
cupet nalare | : | ora bisa mikir |
dadi gawe | : | ngrepotake wong liya |
dawa tangane | : | seneng colong jupuk |
ndhedher kabecikan | : | tumindak becik |
dhuwur pangkate | : | dadi panguwasa |
enetk atine | : | keweden, kuwatir banget |
entheng tangane | : | seneng milara, cengkiling |
enthenge tangan | : | seneng nyambut gawe |
gedhe atine | : | tatag, ora gampang sumelang |
gedhe endhase | : | sumanagkean, gumedhe |
gedhe omonge | : | seneng umuk |
nggedhekake puluk | : | ora gelem prihatin |
nggenggem tangan | : | ora gelem nyambut gawe, kesed |
golek urip | : | nyambut gawe kanggo nyukupi urip |
idu geni | : | kabeh guneme kudu bisa klakon |
jembar kawruhe | : | akeh ngelmune |
jembar segarane | : | sugih pangapurane |
kandel kulite | : | digdaya, sekti |
kaku atine | : | tansah sulaya, nesu wae |
kembang lambe | : | tansah dadi pocapan, gunem |
kulak warta | : | golek kabar |
kuwat drajad | : | cocog dadi panguwasa, pemimpin |
lambe tipis | : | akeh omonge, criwis |
landhep dhengkul | : | bodho banget |
landhep pikire | : | pinter |
lara ati | : | serik |
lara ayu | : | lara cacar |
lobok atine | : | sabar |
lumah tangan | : | ora gelem cawe-cawe |
lunyu ilate | : | gunemane mencla-mencle |
manis rembuge | : | omongane gawe seneng |
mata dhuwiten | : | petung banget, srakah marang dhuwit |
mati sandhang pangane | : | ora ana dalan kanggo golek sandhang pangan |
mati ilate | : | ora bisa ngrasakake gurihe pangan |
meres kringet | : | nyambut gawe nganthi peng-pengan |
mogel ilate | : | seneng mangan sarwa enak |
nandur kabecikan | : | tumindak, gawe becik |
ngangsu kawruh | : | sekolah, meguru |
ngatonake siyunge | : | nuduhake panguwasane |
ngatonake dhadhane | : | sumbar, umuk, pamer |
ngendhaleni hawa napsu | : | nyegah kekarepan ala |
nyolok mata | : | tumindake ketara banget, cetha banget |
oleh wirang | : | kisinan |
ora duwe ati | : | wedi, kuwatir banget |
padhang hawa | : | ndonya |
padhang pikirane | : | seneng |
padhang ulate | : | sumeh, grapyak |
panas atine | : | nesu banget |
papan kiwa | : | ora andhakan, nisih |
pedhes rembuge, tembunge | : | guneme gawe serik |
peteng atine, pikire | : | susah |
pingget atine | : | serik, gela |
rai gedheg | : | ora duwe isin |
rupak raine | : | cugetan |
rupak jagade | : | judheg, ora bisa lunga-lunga |
sepi kawruhe | : | bodho |
sepi ing pamrih | : | ora duwe pamrih, melik |
sesak dhadhane | : | mangkel, serik |
tadhah udan | : | lirangan gedhang sing ndhuwur dhewe |
tatu atine | : | serik banget |
tipis lambene | : | seneng nyatur wong liya, criwis |
thukul pikire | : | akeh akale |
thukul turune | : | duwe turun/anak |
udan tangis | : | akeh sing padha nangis |
ulate peteng | : | nesu |
utang nyawa, pati | : | gawe pepati |
utang wirang | : | gawe wirange wong liya |
weteng kadut, karet | : | akeh pagane/tadhahe |
wedi getih | : | jirih |
wedi kangelan | : | ora gelem rekasa, kesed |
- Lembar Kerja Siswa
Apa tegese tembung entar ana ing ngisor iki?
- abang raine : ………………………………………………………………………
- cilik atine : ………………………………………………………………………
- cupet nalare : ………………………………………………………………………
- entheng tangane : ………………………………………………………………………
- gedhe atine : ………………………………………………………………………
- gedhe endhase : ………………………………………………………………………
- gedhe omonge : ………………………………………………………………………
- jembar kawruhe : ………………………………………………………………………
- jembar segarane : ………………………………………………………………………
- kaku atine : ………………………………………………………………………
- kembang lambe : ………………………………………………………………………
- lambe tipis : ………………………………………………………………………
m. lara ati : ………………………………………………………………………
- ngangsu kawruh : ………………………………………………………………………
- nyolok mata : ………………………………………………………………………
- padhang pikire : ………………………………………………………………………
- padhang ulate : ………………………………………………………………………
- panas atine : ………………………………………………………………………
- rai gedheg : ………………………………………………………………………
- sepi kawruhe : ………………………………………………………………………
- J. TEMBUNG KOSOK BALEN
Tembung kosok balen yaiku tembung sing tegese lelawanan.
- Tuladha
A | ||
abot | >< | entheng |
andhap asor | >< | degsura, murang tata |
adhem | >< | panas |
adol | >< | tuku |
agung | >< | asat |
akeh | >< | sethithik |
ala | >< | becik |
angel | >< | gampang |
angok | >< | rob |
anggak | >< | grapyak |
apal | >< | lali |
atos | >< | empuk |
B | ||
bagus | >< | ala |
bandel | >< | gembeng |
banter | >< | rindhing/ alon |
bathi | >< | tuna/ rugi |
barang para | >< | barang pengaji |
becik | >< | ala |
begja | >< | cilaka |
bener | >< | luput |
bening | >< | butheg |
brangasan | >< | sabar |
boros | >< | irit |
buneg | >< | lejar |
bungah | >< | susah |
C | ||
cedhak | >< | adoh |
cendhak | >< | dawa |
cethek | >< | jero |
cethil | >< | loma |
ciut | >< | amba |
crah | >< | rukun |
culika | >< | jujur |
cuwa | >< | lega |
D | ||
dawa | >< | cendhak |
dhuwur | >< | cendhek |
duka | >< | rena |
dursila | >< | susila |
E | ||
eling | >< | lali |
entek | >< | isih |
G | ||
gabug | >< | mentes |
gedhe | >< | cilik |
gela | >< | marem, lega |
gemi | >< | boros |
gething | >< | seneng |
goroh | >< | jujur |
grapyak | >< | anggak |
gundhul | >< | ketel |
J | ||
jago | >< | babon |
jembar | >< | ciyut |
jero | >< | cethek |
jirih | >< | kendel |
jujur | >< | culika |
K | ||
kaku | >< | lemes |
kalah | >< | menang |
kalis | >< | nandhang/ketaman |
kandel | >< | tipis |
kasar | >< | alus |
ketiga | >< | rendheng |
kemproh | >< | resikan |
kendel | >< | jirih |
kepenak | >< | rekasa |
kerep | >< | arang |
kereng | >< | sabar |
kesusu | >< | sareh |
kladuk | >< | kurang |
kuru | >< | lemu |
L | ||
lali | >< | eling |
landhep | >< | kethul |
lantip | >< | bodho |
larang | >< | murah |
lega | >< | gela |
lembut | >< | agal |
lemu | >< | kuru |
loh | >< | cengkar |
longgar | >< | sesak |
luhur | >< | asor |
lumrah | >< | aneh |
M | ||
mapag | >< | ngeterake |
marem | >< | gela |
mencutake | >< | nyebahi |
mentah | >< | mateng |
mentereng | >< | prasaja |
miris | >< | tatag |
mukti/mulya | >< | sengsara |
mursal | >< | bekti |
muspra | >< | guna |
murah | >< | larang |
mungsuh | >< | kanca/bala |
N | ||
nacad | >< | ngalem |
nesu | >< | rena |
nistha | >< | utama |
ngajeni | >< | ngina |
ngakoni | >< | nyelaki |
ngati-ati | >< | sembrana |
ngebreh | >< | ngirit |
ngebon | >< | kontan |
P | ||
padhang | >< | peteng |
padu | >< | rukun |
prasaja | >< | mubra-mubru |
pungkasan | >< | wiwitan |
purwa | >< | pracima |
R | ||
rame | >< | sepi |
rampung | >< | wiwit |
rancag | >< | rendhet |
rekasa | >< | kepenak |
resikan | >< | kemproh |
rikat | >< | alon |
S | ||
sabar | >< | brangasan |
sareh | >< | kesusu |
satru | >< | kanca |
sedhep | >< | cemplang |
sedih | >< | seneng |
sleder | >< | tliti |
semanak | >< | anggak |
sengsara | >< | mulya |
sepele | >< | wigati |
sregep | >< | kesed |
subur/loh | >< | cengkar |
suda | >< | tambah |
susah | >< | bungah |
T | ||
tabah | >< | kuwatir |
tanpa | >< | nganggo |
takon | >< | mangsuli |
teka | >< | lunga |
temen | >< | cidra |
tipis | >< | kandel |
tradhisional | >< | moderen |
tuku | >< | adol |
turah | >< | kurang/cumpen |
U | ||
ukuman | >< | ganjaran |
umuk | >< | nyata |
urip | >< | mati |
W | ||
wareg | >< | ngelih/luwe |
wetan | >< | kulon |
wedi | >< | wani |
wigati | >< | sepele |
wuled | >< | mbedhel |
wudhu | >< | payu/laris |
wuragil | >< | pembarep |
wutuh | >< | suda/kalong |
Y | ||
yekti/nyata | >< | goroh/apus-apus |
- Lembar Kerja Siswa
Tembung-tembung ing ngisor iki golekana kosok balene!
- abot :…………………………………………………………………………
- bagus : ………………………………………………………………………..
- becik : ……………………………………………………………………….
- cedhek : ……………………………………………………………………….
- cuwa : ……………………………………………………………………….
- dawa : ……………………………………………………………………….
- dursila : ………………………………………………………………………
- gabug : ………………………………………………………………………
- gundhul : ……………………………………………………………………..
- jago : ……………………………………………………………………….
- jujur : ………………………………………………………………………
- kalis : ……………………………………………………………………….
- kuru : ……………………………………………………………………..
- lali : ……………………………………………………………………….
- lumrah : ……………………………………………………………………..
- mungsuh : ……………………………………………………………………..
- ngakoni : ……………………………………………………………………..
- padang : ……………………………………………………………………..
- susah : ……………………………………………………………………..
- tabah : ……………………………………………………………………..
K. TEMBUNG GARBA
Tembung garba yaiku tembung loro sing dirangkep dadi siji kanthi nyuda cacahing wandane, lumrahe tinemu ing tembang, minangka kanggo njumbuhake guru wilangan.
- Tuladha
ana | + | ing | dadi aneng | tegese ana (manggon) ing |
arane | + | iki | dadi aranireki | tegese jenenge iki |
dadi | + | ewuh | dadi dadyewuh | tegese ora gampang, sarwa ewuh |
dhemen | + | anyar | dadi dhemenyar | tegese senenge yen isih anyar |
dupi | + | arsa | dadi dupyarsa | tegese nalika arep |
jalu | + | estri | dadi jalwestri | tegese lanang wadon |
kajuwara | + | ing | dadi kajwareng | tegese kondhang ing |
kapireng | + | arsa | dadi kapyarsa | tegese keprungu |
lagi | + | antuk | dadi lagyantuk | tegese lagi antuk/oleh |
lagi+ana | + | ing | dadi lagyaning | tegese lagi ana ing |
lebda | + | ing | dadi lebdeng | tegese mumpuni, pinter ing |
lumaku | + | ing | adi lumakweng | tegese mlaku ing |
lumebu | + | ing | dadi lumebeng | tegese mlebu ing |
maha | + | raja | dadi maharja | tegese ratu linuwih |
maha | + | resi | dadi maharsi | tegese pendhita linuwih |
malebu | + | ing | dadi malebeng | tegese mlebu ing |
mardika | + | ing+rat | dadi mardikengrat | tegese ing jagad/donya |
murba | + | ing | dadi murbeng | tegese kuwasa ing |
nara | + | indra | dadi narendra | tegese ratuning jalma |
narpa | + | endah | dadi narpendah | tegese ratu sing ayu |
nata | + | ing | dadi nateng | tegese ratu ing |
nuju | + | ari | dadi nujwari | tegese sawijining dina |
prapta | + | ing | dadi prapteng | tegese teka ing |
prawira | + | utama | dadi prawiratama | tegese prajurit utama/senapati |
priya | + | agung | dadi ratwagung | tegese ratu binathara/ratu utama |
ratu | + | agung | dadi ratwagung | tegese panah utama |
sami | + | arsa | dadi samyarsa | tegese padha arep |
sira | + | iku | dadi sireku | tegese kowe iku |
siti | + | inggil | dadi sitinggil | tegese lemah sing dhuwur papane |
siniwaka | + | ing | dadi siniwakeng | tegese diadhep dening |
sumbang | + | asih | dadi sumbangsih | tegese weweh kanggo tandha asih |
sura | + | ing+yuda | dadi surengyuda | tegese wani perang/dewaning perang |
taksih | + | alit | dadi taksyalit | tegese isih cilik |
tumenga | + | ing | dadi tumengeng | tegese madhep ing (mendhuwur) |
tumeka | + | ing | dadi tumekeng | tegese tekan ing |
tumuju | + | ing | dadi tumujweng | tegese marani/tumuju ing |
wira | + | utama | dadi wiratama | tegese prajurit utama/senapati |
- Lembar Kerja Siswa
Tembung-tembung ing ngisor iki gawea dadi tembung garba!
- ana+ing : …………………………………………………………………………………………….
- jalu+estri : …………………………………………………………………………………………….
- lagi+antuk : …………………………………………………………………………………………….
- lemba+ing : …………………………………………………………………………………………….
- maha+raja : …………………………………………………………………………………………….
- maha+meru : …………………………………………………………………………………………….
- murba+ing : …………………………………………………………………………………………….
- prapta+ing : …………………………………………………………………………………………….
- ratu+agung : …………………………………………………………………………………………….
- sumbang+asih: …………………………………………………………………………………………….
L. TEMBUNG SAROJA
Tembung saroja yaiku tembung loro utawa lewih padha tegese dirangkep dadi siji, nduweni teges mbangetake.
- Tuladha
A | ||
abang branang | angkara murka | |
adhem ayem | ajur jejer | |
adi luhung akal budi | apes krama | |
akal budi | arum wangi | |
amrik angambar | atut runtut | |
ndhap asor | ayem trentem | |
B | ||
babak bundhas | bibit kawit | |
bagas waras | blaka suta | |
bala kuswa | bot repot | |
bau suku | budi pekerti | |
baya pekewuh | ||
C | ||
campur bawur | colong jupuk | |
ciri wanci | ||
D | ||
dana driyah | dhawuh pangandika | |
darma bekti | dhodhok seleh | |
E | ||
edi peni | ewuh pakewuh | |
G | ||
gagah prakosa | gilir gumanti | |
galap gangsul | girang gumuyu | |
gandes luwes | guna sarana | |
gemah ripah | guyup rukun | |
gemi setiti | godha rencana | |
gethok tular | ||
J | ||
jalma manungsa | jejel riyel | |
japa mantra | ||
K | ||
kabur kanginan | kebat kliwat | |
kajen keringan | kesampar kesandhung | |
kepalu kepenthung | kocap kacarita | |
L | ||
lagak lageyan | lir pendah | |
lega lila | loh jinawi | |
lila legawa | ||
M | ||
malang megung | mukti wibawa | |
mobah mosik | mula buka | |
mubeng minger | murba wasesa | |
mudha taruna | murub mubyar | |
N | ||
nistha papa | nungsang njempalik | |
njarah rayah | nyampar nyandhung | |
O | ||
owah gingsir | ||
P | ||
padhang njinglang | polah tingkah | |
papa cintraka | pokal gawe | |
perang tanding | puji pandonga | |
S | ||
sabar drana | sembah sungkem | |
sabar narima | sepi mamring | |
salah kaprah | sih kawelasan | |
salang tunjang | sih tresna | |
sanak kadang | sisik melik | |
sanak sedulur | solah bawa | |
sapa aruh | solah tingkah | |
sato kewan | suka rena | |
sekti mandraguna | sumbang surung | |
seger kuwarsanae | ||
T | ||
tambal sulam | tepa palupi | |
tanem tuwuh | tepa tuladha | |
tapa brata | terang terwaca | |
tata cara | tindak tanduk | |
tata krama | tukar padu | |
tata trapsila | tumpang tindhih | |
tedheng aling-aling | tumpuk undhung | |
teguh santosa | tutur sembur | |
U | ||
uba rampe | udha-usuk | |
W | ||
wadya bala | welas asih | |
was sumelang | wor suh | |
watak wantu |
- Lembar Kerja Siswa
Tembung ing ngisor iki teruske dadi tembung saroja!
- abang …………….
- adem ……………..
- akal ……………….
- babak …………….
- colong ……………
- gagah …………….
- gemah ……………
- guyub ……………
- jejel ……………….
- kebat …………….
- lir ………………..
- loh ………………
m. malang …………
- mukti ……………..
- owah ……………..
- polah ………………
- reka ……………….
- sabar ……………….
- sembah ……………
- tata …………………
M.TEMBUNG CAMBORAN
Tembung camboran yaiku tembung loro kang digandeng dadi siji.
- Tembung camboran diperang ana loro, yaiku:
- Tembung camboran wutuh/tunggal
Yaiku tembung loro digawe dadi siji nduwe teges anyar.
Tuladha:
anjani putra | : | anoman |
bala pecah | : | barang gamapang pecah |
bapa biyung | : | wong sing ngukir jiwa raga |
buntut urang | : | rambut ing githok |
gantung kepuh | : | ora tau ganti sandhangan |
gantung siwur | : | katurunan kang kaping pitu |
gotong mayit | : | anak 3 wadon kabeh |
gilir kacang | : | anak akeh giliran lanang lan wadon |
imagiri | : | araning panggonan (desa) ing bantul |
jaran kepang | : | wewangunan kaya jaran digawe saka kepang |
juru kunci | : | tukang ngrumat papan kramat, sareyan |
kacamata | : | tesmak, piranti kanggo ndeleng |
kadhal menek | : | araning gelung (pungkasaning gurung) |
kala menjing | : | jendholan ing gulu tumrap wong lanang |
karang malang | : | araning desa |
mata tuwa | : | wong tuwane bojo |
nagasari | : | araning panganan |
perang rusak | : | araning bathik |
randha royal | : | araning panganan |
semar mendem | : | araning panganan |
tutup keyong | : | peperangan omah kampung |
udan riris | : | corak bathik |
wanasaba | : | araning kutha |
- Tumbang camboran tugel/wudhar
Yaiku tembung loro digandeng dadi siji kang tegese cedhak karo tembunge.
Tuladha:
bangjo | : | abang ijo |
bulik | : | ibu cilik |
dhelik | : | gedhe cilik |
dhengus | : | gedhe bagus |
dubang | : | idu abang |
kakkong | : | tungkak bokong |
kongel | : | bokong cengel |
kosik | : | mengko dhisik |
lunglit | : | balung kulit |
pakdhe | : | bapak gedhe |
pakpuh | : | bapak sepuh |
perko | : | emper toko |
tingwe | : | nglinting dhewe |
thukmis | : | bathuk klimis |
- Lembar Kerja Siswa
Tembung-tembung ing ngisor iki golekana arti camborane!
- anjani putra : …………………………………………………………………………………
- bapa biyung : ………………………………………………………………………………..
- gantung siwur : ………………………………………………………………………………..
- gilir kacang : ………………………………………………………………………………..
- kadhal menek : ………………………………………………………………………………..
- karang malang : ………………………………………………………………………………..
- maratuwa : ………………………………………………………………………………..
- nagasari : ………………………………………………………………………………..
- randha royal : ………………………………………………………………………………..
- semar mendem : ………………………………………………………………………………..
- bangjo : ………………………………………………………………………………..
- bulik : ………………………………………………………………………………..
- dhelik : ………………………………………………………………………………..
- lunglit : ………………………………………………………………………………..
- pakdhe : ………………………………………………………………………………..
- perko : ………………………………………………………………………………..
- tingwe : ………………………………………………………………………………..
- thukmis : ………………………………………………………………………………..
- kongel : ………………………………………………………………………………..
- kosik :…………………………………………………………………………………
N. TEMBUNG YOGYA SWARA
Tembung yogya swara yaiku tembung loro sing meh padha pangucape, mung beda wanda pungkasan, duwe teges lanang wadon.
- Tuladha
- hapsara-hapsari
- bathara-bathari
- dewa-dewi
- gandarwa-gandarwi
- kedhana-kedhini
- pemudha-pemudhi
- putra-putri
- raseksa-raseksi
- widadara-widadari
- yaksa-yaksi
- Lembar Kerja Siswa
Tembung-tembung ing ngisor iki teruske dadi tembung yogya swara!
- hapsara …………….
- bathara …………….
- dewa ……………….
- gandarwa ………..
- kedhana ………….
- pemudha …………
- putra ………………
- raseksa ………….
- widadara ……….
- yaksa ……………
Haryono, Soewardi. Buku Pepak Basa Jawa Kanggo Cah Sekolah. Pustaka Widyatama; Yogyakarta
Jatirahayu, Warih. Manca Warna Kawruh Pepak Basa Jawa. Pelangi; Yogyakarta
Nugraha, Setyo G. dkk. Buku Pinter Basa Jawa. Kartika; –
Suliyanto. Bebakalan Sinau Basa Jawa. Cendrawasih; Surakarta
Posted by Nursugiyanta, SPd. on November 24, 2010 at 9:20 am
matur nuwun sanget saged kangge nyengkuyung anggenipun pasinaon lare kulo.
Posted by ophzyl on November 27, 2011 at 1:40 pm
good
Posted by windaayu on October 12, 2012 at 3:58 am
nopo si tegase enteng tangane?tulung wangsulana
Posted by Nana on March 5, 2012 at 2:03 pm
Sangat membantu, matur nuwun.
Posted by ayu on May 8, 2012 at 5:28 am
ihhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhh……………………………………..bagus bangetttttttttttttttttttttttt banyakkkkkkkkkkkk pengetahuannyaaaaaaaaaaaaa
Posted by yoseob on May 13, 2012 at 1:09 pm
gomawo,,,,, akhirnya tugas qu selesai ,,,,
Posted by Risma on August 21, 2012 at 9:38 am
thanks
Posted by rachel tika aristiani on August 22, 2012 at 11:48 am
endak ada penjelasan tentang tembung dwipurwa ya?? dan tolong aku kasih tahu kerata basa dari segara..please..kirim ke email ini ya : rachel.tika@gmail.com..terimakasih kakak..
Posted by hasnanadila on October 9, 2012 at 12:19 pm
lengkap sekali 🙂 terima kasih banyak atas kawruhnya, sangat bermanfaat 😀
Posted by winda on October 12, 2012 at 3:55 am
sebenarnya apa si artinya enteng tangane?
Posted by windaayu on October 12, 2012 at 3:57 am
apa yaaaaaah?
Posted by windaayu on October 19, 2012 at 5:24 am
maturnuwun
Posted by Mayantara on November 19, 2012 at 3:40 pm
Jer nularaken ilmu menika laku ingkang sae sanget lan pikantukipun lelintu ganjaran sadangunipun ngelmi ingkang dipuntularaken.